Rabu, 06 Januari 2016

GURIT 55 (seket lima): sing ilang, sing diilangna



Gurit Seket Lima
dening: Widyo Babahe

Gurit Seket Lima
Mligi crita babagan dolanan
Dolanan sing ilang, diilangna
Ngajak bebarengan, mbalekna

Gurit Seket Lima
Gurit pangeling kandha
Marang sapa, mligi dhiri iki
Kang wis lali, kelalen, klendran kabudayan liyan

Gurit Seket Lima
Pangeling yuswa, separo abad luwih lima
Paringana gurit iki ana guna
Piranti sinau putra-wayah, sak wayah-wayah

Pangapurane sing gedhe
Gurit iki adoh saka sempurna
Akeh sing durung kacrita
Mergo nembe eling semene

Ana sing eling, angel ka gurit
Ngerti jeneng lali cara
Mbok menawa liya prekara
Tambah dawa tambah carita

Matur nuwun kabeh, sedaya
Kabudayan Nuswantara tetep Jaya!

Bumi Mardikan, mbuh Kapan!?
KailangNa
dening: Widyo babahe

Jare sapa, dolanan klebu tembange, musna
Jare sapa, dolanan klebu tembange, wis ora ana
Jare sapa, dolanan klebu tembange, muspra
Jare sapa, dolanan klebu tembange, wis ora guna

Musna, ncen digawe mengkana
Ora ana, ncen disingkirna
Muspra, ben ora ana sing nerusna
Ora guna, ben nganggo gaweane negara manca

Iki jaman, ncen digawe ora karuwan
Kareben regejegan, antarane sedulur, sanak lan kadang
Ben ora kober tata lan dandan
Nata nagara, ndandani bangsa
Dikwatirke dadi nagara adikwasa

Nuswantara nyawiji, kala patih Gajah Mada
Disigar-sigar nalika Walanda
Kagendhel Soekarno, taun papat lima
Mardika! Mardika! Mardika!
Dadine gendra

Jare sapa, dolanan klebu tembange, ilang
Kwi sengaja,
kailangna!
Dening pangwasa, sing kwatir...
Nuswantara nyawiji,
Kagendhel,
Mardika!

Bumi karangjati, 8/4-2015

Kailangna (kapisan)
dening: Widyo Babahe

“Kodhok ngorek, kodhok ngorek
  ngorek pinggir kali...
  theot theblung, theot theblung
  theot, theot theblung...”

yen mangsa udan, kodhoke pating ciblung
ing blumbangan utawa gowakan
bugangan utawa lemah ledhokan
ing kalenan, uga sawah garapan

iki kutha Semarang
wis ora usum blumbang, nggo buwang larahan
yen prelu, lemah lowang gawe wangunan
larahan?
Buwang kali,
angger ora konangan
Eee, konangan ra apa,
kan rung ana praturan!

Kodhok ngorek wis arang, keprungu nang Semarang
Bugangan mung aranan
Sawah Besar aran klurahan
Sepira ambane, wis ora ketok pathoke
Ketutup tanduran beton
Nanging dudu nangka wohe

Tembang “kodhok ngorek”
Tetembangan ro dolanan
Wis ora uman panggonan

Bumi Karangjati, 9/4-2015

Kailangna (kapindho)
dening: Widyo Babahe

“Cublak, cublak suweng
  Suwenge ting gelenter
  Mambu ketundhung gudel
  Tak gempo lela-lelo
  Sapa ngguyu ndhelikake
  Sir, sirpong dhele kopong, sir...”

“Sik, sik, mengko dhisik...
  Sapa sing arep ngguyu?
  Aja ngapusi, biasane padha mesam-mesem, sajak geguyu
  Men dikira ndhelikake...”

Dolanan sinambi tetembangan
sing siji njengking, liyane lungguhan ngubengi sing dadi
salah siji tangane, kalumahake, sumeleh gegere
sing dadi, ya sing lagi njengking.
Gacuk arupa krikil utawa watu cilik, kaubengake
laras karo tembange
pungkase tembang, salah siji tangan, kalumahake, sumeleh gegere
kaangkat, driji kekarone tangan kagegem, saliyane driji panuding...

Sapa ngguyu ndhelikake?
Ora! Ora ana sing padha ngguyu
Kabeh padha meneng, ya ora padha mesam-mesem, sajak geguyu
Men dikira ndhelikake...

Ora! Ora mung ndhelikake
Kabeh padha meneng, sengaja ngilangake
Dolanan sinambi tetembangan,
Sing ngraketake, guyub, sesrawungan, kekancan
Tumrap sabarakan, sapantaran

Sengaja, kailangna!

Bumi Karangjati, 9/4-2015

Kailangna (katelu)
dening: Widyo Babahe

“jaranan, jaranan, jarane jaran teji
  Sing nunggang ndara bei
  Sing ngiring para mentri
  Jek-jek nong, jek-jek gung
  Jek, jek, turut-turut
  Gedebug krincing, gedebug krincing
  Prok, prok, gedebug jedher!”

Kuwi jaranan, jaran dolanan
Kuwi jaranan, dudu jaran tenanan
Gedebog gedhang mulabukane
Diiris ora nganti tugel, kareben
Bisa ditekuk-tekuk, direka-daya arupa
Jaran, tanpa sikil uga tangan

Kuwi jaranan,
Kena kagawe saka gedheg kepang
Asring kanggo jejogedan, bala barongan
Kanggone bocah dolanan
Cukup gedebog gedhang kagawene

Siji iki,
pating crongat, ting tlalang
Pinggiran kali uga dalan
gedhang sawohe
Apa maneh gedeboge
Ning yakuwi,
wis ora ana sing nggunakna

Eman, ning ya piye
Dolanane wis kailangna
Sengaja diilangna, ngemu karep sing gedhe
Ngremuk negara,
mecah bangsa,
saka budaya,
tinggalane simbah buyute

jaranan, jaranan, jarane jaran teji
jarene, wis ora ana sing nunggangi
Ndara bei lan para mentri
Luwih seneng ditunggangi

Bumi Karangjati, 9/4-2015

Kailangna (pungkas)
dening: Widyo Babahe

Bocah sapantaran, padha nglumpuk nang plataran
Wengi kuwi, mestine padhang mbulan
Bubar mahriban, mbulane isih ketutupan

Ana sing kelingan
Sing dolanan pesbuk, bebe lan twiteran
Yen kawit surup, mbulane bakal kaling-kalingan

Wengi kuwi, papat April malem lima
Taun masehi, rong ewu limalas
Wengi kuwi, ngepasi tanggal limalas
Jumadilakir wulan jawane

Mbah buyut ngendika, mbulane dipangan buta
Kuwi kang karanan grahana

Ing alaming mayapadha
Grahanane ora sabaene
Abang mbranang wujude

Mbah buyut ngendika, butane lagi nesu
Kuwi kang karanan grahana mbulan nepsu

Ing plataran, peteng dhedhet ra karuwan
Bocah sapantaran, nyenyawang ndhuwur wetan
Mbulane isih kaling-kalingan
Bocah sapantaran, wis padha angot-angotan
Siji mbaka siji padha bali
Wengi kuwi, ora sida dolanan
Wengi kuwi, bocah sapantaran kelangan

Bumi Karangjati, 10/4-2015

Tidak ada komentar:

Posting Komentar