Mangsa
Ganjil
Siji, telu, lima, pitu, … … … sangangpuluh sanga,
tung entungane angka,
ning ora angger ngetung tumtrabe wong jawa.
Mestine wis nganggo petung sing premana,
tumrabe nyedhekahi marang sing wis ora ana ing alam donya,
ing malem-malem ganjil,
ganjile tumrab tung etungane angka,
nanging kabeh wis kapetung sing ngemu makna.
Beda makna tumrab ganjile sing ora genep,
kang bisa karan kurang jangkep,
ngrusak tatanan sing wis trep.
beda makna tumrabe sing lagi mangsa,
kang bisa karan mangan, nyaplok, nggaglag kanti meksa,
ra prelu mikir sapa sing dimangsa.
Mangsa ganjile sing wicaksana,
duwe etung lan petung,
tinggalane leluhur kang pinunggul,
mangsa wayah laku pasa lan tapa,
kanggo sangu urip, pungkure urip saka donya.
Semarang, 20
September 2012
Mangsa Pacoban
Iki jaman, jamane tambah saya ora
karuwan,
critane simbah, rikala jamane, ya
ora karuwan,
ngendikane simbah, urip kuwi
pancen kebak pacoban.
“nggih
leres mbah, saniki kathah tiyang ingkang pacebukan,
kathah ingkang kapusan, klendran,
lali
sakabehe kwajiban.”
Iki jaman, jamane tambah saya ora
karuwan,
padha nglali tatanan, ninggalke
paugeran,
tibane padha regejegan.
(golek
bebener, nyalahke liyan,
sing
kliru digugu, sing bener kateter,
tatanan lan paugeran mung kanggo tenger lan
dolanan).
Iki jaman, jamane tambah saya ora
karuwan,
Simbah isih ngeyel, iki jamane
pacoban,
kudu diadepi kanti teteging ati,
kudu dilakoni kanti laku sing premadi.
(pancen
bener simbah, Permadi ya Janaka,
suka
laku pasa lan tapa,
entuk-entukane mboyong putri lan wanita).
“Pancen bocah saiki, angel
dituturi … … … “
Semarang, 20
September 2012
Mangsa Tandur
Ketiga ngingking, kabeh garing,
wit-witan, sato kewan, gering,
barat ora kemlebat, banyu ra
gemuyu,
nelesi jagad sing kuyu-kuyu.
Oalah cabang bayi,
semut ireng anak-anak sapi,
kabeh dikukupi kanggo
kepentingane dhewe,
mata peteng ra mikir sing keri,
ninggali nggo tembe mburine.
“Cempe-cempe
undangke barat gedhe,
tak opahi duduh tape,
udan banyu tibakke rene.”
Lemah teles, gusti sing mbales,
iki piwales, marang sing
nggrantes,
miliha wiji sing mentes,
tandurana, rumatana sing prayoga,
bakal thukul tanduran, wit lan
woh sing ngrembaka.
Mangsa tandur sing ati-ati,
Milih wiji kanti setiti,
Akeh wiji katon nyengsemke ati,
Salah milih bisa nyilakani.
Semarang, 20
September 2012
Lintang Panjer Esuk
Ing pereng wetan rada ngalor,
sumunar cahya kang wis tak kira,
kuwi lintang panjer esuk,
nanging aku isih ora precaya,
bener lintang apa cahya jinis
liya?
Mripat tak bukak amba-amba,
mbok menawa ndaru sing arep tiba,
salah mangsa,
jebul ora,
pancen lintang panjer esuk sing
rada beda.
Tak pandeng, tak penthelengi,
mripat iki kaya leleh,
lintange ora obah, ora geseh,
cahyane ambyor nrabas petenge
wengi.
Lintang panjer esuk,
gawe obah wadhagku, gawe geseh
pikirku,
Gusti maringi tandha,
Pikiran iki othak-athik makna,
Tetep buntet, mbulet udhet.
Tak bukak betaljemur adamakna,
setu paing, gunggunge paling
tuwa,
pikiran tambah ngambrawara,
jagad saya tuwa …
jaman saya tuwa …
nagara saya tuwa …
prekara tambah tuwa …
knapa pikir iki ora tambah tuwa.
Lintang panjer esuk,
sing metu ngarepi esuk,
Gusti maringi tandha?
kuwi mung pikir sing kegedhen
rumangsa.
Semarang, 20
September 2012
Mbulane Nanggal Kapisan
Katon nylirit, merit,
alise wanita pawicaran,
kembang lambene kembang padesan,
dadi rerasan kaum priya,
Alise nanggal kapisan,
Ngibaratke mbulan sing lagi
nanggal,
Kapisan.
Mbulan nanggal kapisan,
katon nylirit, merit,
wayah surup, lekase srengenge
angslup,
ing pereng kulon,
kasaput mega candhikala.
Kala digatekna,
kanggone pamuka agama,
bisa-a dinggo tandha,
nanggal kapisan tibane wulan apa.
(asringe ora digatekna, saliyane
wulan riyaya).
Asringe para pamuka agama,
regejegan beda swara,
apa pancen kudu ngana,
agama kanggo srana,
regejegan golek kawula.
“assalamu’alaikum mbulan,
tuwa mbulan, nom tanggal, nom-nom aku.”
Semarang, 20
September 2012
Srengenge Ngglewang Mangulon
srengengene wis ngglewang
mangulon
lumakune wis separo dina
nglereni samubarang sauntara
nyisihke wektu manembah kang
kuwasa
srengengene wis ngglewang
mangulon
pas sandhuwure mustaka
ubun-ubun iki krasa
mlethek-mletheka
wayah ketiga srengenge kaya ra
duwe duga
srengengene wis ngglewang
mangulon
kadang tani ngeyub nang gubugan
kipasan caping, nyawang tanduran
pikire nglambrang ra ana tujuwan
kelingan utang,
nyaure ngenteni panenan
semarang, 21 Sept.
2012
Puspa Tajem
Wengi iki,
pancen wis tak niati,
niat ingsun ngadhep mring Gusti.
Wengi iki,
ora kaya wengi-wengi sadurunge,
tak lon-loni turu sore,
betheke tangi bisa tengah wengi.
Wengi iki,
Piranti sesuci cumepak pepak,
Jedhing kebak Kembang setaman.
Wengi iki,
mbuh apa sing tak goleki,
karep ati pingin sesuci,
manekung, manembah, ngadhep Gusti,
ing lingsir, tengah wengi.
apa aku kangen
mring Gusti …
apa Gusti
kangen marang aku …
aku rung ngerteni,
mengko esuk tak critani.
21 Sept. 2012
Brokohan
brokohan ya krayahan
rebutan pangan lekas babaran
adat paugeran wis kalis jaman
isih uga dilakoni
nuhoni apa merga wedi
kuwalat, kuwatir kesrakat
brokohan jaman saiki
ra perlu ngenteni babaran
ngrayah rupiyah lemari pamrintah
matek-a aji kodhok mlongok
cecak baya nek perlu disogok
ben wae bengak-bengok
asline lholhak-lholhok
21 Sept. 2012
JAMURAN
yo pra kanca dolanan nang njaba
padhang mbulan, padhange kaya rina
… … … … … …
padhang mbulan wengi kuwi
bocah-bocah padha ngumpul nang
pkarangan
srawung kanca sapantaran
ublek umyek nyang-nyangan dolanan
: dolanan betengan
: cublak-cublak suweng wae
: piye yen gobak sodor
pungkase rembug, Jamuran kang
kalogan
jamuran, ya gegethok,
jamur apa ya gegegthok,
… … … … …
gurit iki mung pangeling kandha
dolanan kuwi saderma ngleluri
kagiles mangsa
njamure dolanan jaman saiki
sarwa kiriman saka manca
jamuran, betengan, engklek,
ri-uri
apa kudu ngenteni
mbulan padhang nang pkarangan
mbulane wis kalah padhang
pkarangane wis ora jembar
jamur gajih mbejijih saara-ara
sira njaluk jamur apa … … …
21 Sept. 2012
SATEMENE
(Kedhok lan Busana)
Asu sak anake… kirik
Babi, celeng, sak anake… genjik
Bajing,
Kethek, Munyuk,
Wedhus!
Jek ra patia sara…
Jaran, Jangkrik, Kadal, Tekek, Bulus,
Apa isih ana sing rung sinebut?
… …
… … … …
satemene kowe, Su!
lan sakancamu
seneng apa sara,
yen asring sinebut dening
menungsa?
yen aku, Su!
kena karan wakile menungsa
kok ora lila yen kowe, Su… lan
sakancamu
tan kena sinebut, kanti blakasuta
satemene kowe, Su… lan sakancamu
sara apa malah rumangsa
mulya…
nanging akeh menungsa sing
kedhokan lan busana jawa
isih durung bisa narima.
banjur aku lan kowe, Su… uga
sakancamu
kudu nyebut apa?
waung, segawon…
apa ya ra padha makna?
yakuwi mau, kedhok lan busana.
Su! Kok meneng wae, to?
malah melet-melet lan
plolak-plolok, thok!
Bumi Sekaran,
20/2-2013.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar