Gurit Seket Lima
dening: Widyo Babahe
Gurit Seket
Lima
Mligi crita babagan
dolanan
Dolanan sing
ilang, diilangna
Ngajak
bebarengan, mbalekna
Gurit Seket
Lima
Gurit
pangeling kandha
Marang sapa,
mligi dhiri iki
Kang wis lali,
kelalen, klendran kabudayan liyan
Gurit Seket
Lima
Pangeling
yuswa, separo abad luwih lima
Paringana
gurit iki ana guna
Piranti sinau
putra-wayah, sak wayah-wayah
Pangapurane
sing gedhe
Gurit iki adoh
saka sempurna
Akeh sing
durung kacrita
Mergo nembe
eling semene
Ana sing
eling, angel ka gurit
Ngerti jeneng
lali cara
Mbok menawa
liya prekara
Tambah dawa
tambah carita
Matur nuwun
kabeh, sedaya
Kabudayan
Nuswantara tetep Jaya!
Bumi Mardikan, mbuh Kapan!?
KailangNa
dening: Widyo babahe
Jare sapa,
dolanan klebu tembange, musna
Jare sapa,
dolanan klebu tembange, wis ora ana
Jare sapa,
dolanan klebu tembange, muspra
Jare sapa,
dolanan klebu tembange, wis ora guna
Musna, ncen
digawe mengkana
Ora ana, ncen
disingkirna
Muspra, ben
ora ana sing nerusna
Ora guna, ben
nganggo gaweane negara manca
Iki jaman,
ncen digawe ora karuwan
Kareben
regejegan, antarane sedulur, sanak lan kadang
Ben ora kober
tata lan dandan
Nata nagara,
ndandani bangsa
Dikwatirke
dadi nagara adikwasa
Nuswantara
nyawiji, kala patih Gajah Mada
Disigar-sigar
nalika Walanda
Kagendhel
Soekarno, taun papat lima
Mardika!
Mardika! Mardika!
Dadine gendra
Jare sapa,
dolanan klebu tembange, ilang
Kwi sengaja,
kailangna!
Dening
pangwasa, sing kwatir...
Nuswantara
nyawiji,
Kagendhel,
Mardika!
Bumi karangjati, 8/4-2015
Kailangna (kapisan)
dening: Widyo Babahe
“Kodhok
ngorek, kodhok ngorek
ngorek pinggir kali...
theot theblung, theot theblung
theot, theot theblung...”
yen mangsa
udan, kodhoke pating ciblung
ing blumbangan
utawa gowakan
bugangan utawa
lemah ledhokan
ing kalenan,
uga sawah garapan
iki kutha
Semarang
wis ora usum
blumbang, nggo buwang larahan
yen prelu,
lemah lowang gawe wangunan
larahan?
Buwang kali,
angger ora
konangan
Eee, konangan
ra apa,
kan rung ana
praturan!
Kodhok ngorek
wis arang, keprungu nang Semarang
Bugangan mung
aranan
Sawah Besar
aran klurahan
Sepira ambane,
wis ora ketok pathoke
Ketutup
tanduran beton
Nanging dudu
nangka wohe
Tembang
“kodhok ngorek”
Tetembangan ro
dolanan
Wis ora uman
panggonan
Bumi Karangjati, 9/4-2015
Kailangna (kapindho)
dening: Widyo Babahe
“Cublak,
cublak suweng
Suwenge ting gelenter
Mambu ketundhung gudel
Tak gempo lela-lelo
Sapa ngguyu ndhelikake
Sir, sirpong dhele kopong, sir...”
“Sik, sik,
mengko dhisik...
Sapa sing arep ngguyu?
Aja ngapusi, biasane padha mesam-mesem, sajak
geguyu
Men dikira ndhelikake...”
Dolanan
sinambi tetembangan
sing siji
njengking, liyane lungguhan ngubengi sing dadi
salah siji
tangane, kalumahake, sumeleh gegere
sing dadi, ya
sing lagi njengking.
Gacuk arupa
krikil utawa watu cilik, kaubengake
laras karo
tembange
pungkase
tembang, salah siji tangan, kalumahake, sumeleh gegere
kaangkat,
driji kekarone tangan kagegem, saliyane driji panuding...
Sapa ngguyu
ndhelikake?
Ora! Ora ana
sing padha ngguyu
Kabeh padha
meneng, ya ora padha mesam-mesem, sajak geguyu
Men dikira
ndhelikake...
Ora! Ora mung
ndhelikake
Kabeh padha
meneng, sengaja ngilangake
Dolanan
sinambi tetembangan,
Sing
ngraketake, guyub, sesrawungan, kekancan
Tumrap
sabarakan, sapantaran
Sengaja,
kailangna!
Bumi Karangjati, 9/4-2015
Kailangna (katelu)
dening: Widyo Babahe
“jaranan,
jaranan, jarane jaran teji
Sing nunggang ndara bei
Sing ngiring para mentri
Jek-jek nong, jek-jek gung
Jek, jek, turut-turut
Gedebug krincing, gedebug krincing
Prok, prok, gedebug jedher!”
Kuwi jaranan,
jaran dolanan
Kuwi jaranan,
dudu jaran tenanan
Gedebog gedhang
mulabukane
Diiris ora
nganti tugel, kareben
Bisa
ditekuk-tekuk, direka-daya arupa
Jaran, tanpa
sikil uga tangan
Kuwi jaranan,
Kena kagawe
saka gedheg kepang
Asring kanggo
jejogedan, bala barongan
Kanggone bocah
dolanan
Cukup gedebog
gedhang kagawene
Siji iki,
pating
crongat, ting tlalang
Pinggiran kali
uga dalan
gedhang sawohe
Apa maneh
gedeboge
Ning yakuwi,
wis ora ana
sing nggunakna
Eman, ning ya
piye
Dolanane wis
kailangna
Sengaja
diilangna, ngemu karep sing gedhe
Ngremuk
negara,
mecah bangsa,
saka budaya,
tinggalane
simbah buyute
jaranan,
jaranan, jarane jaran teji
jarene, wis
ora ana sing nunggangi
Ndara bei lan
para mentri
Luwih seneng ditunggangi
Bumi Karangjati, 9/4-2015
Kailangna (pungkas)
dening: Widyo Babahe
Bocah
sapantaran, padha nglumpuk nang plataran
Wengi kuwi,
mestine padhang mbulan
Bubar
mahriban, mbulane isih ketutupan
Ana sing
kelingan
Sing dolanan
pesbuk, bebe lan twiteran
Yen kawit
surup, mbulane bakal kaling-kalingan
Wengi kuwi,
papat April malem lima
Taun masehi,
rong ewu limalas
Wengi kuwi, ngepasi
tanggal limalas
Jumadilakir
wulan jawane
Mbah buyut
ngendika, mbulane dipangan buta
Kuwi kang
karanan grahana
Ing alaming
mayapadha
Grahanane ora
sabaene
Abang mbranang
wujude
Mbah buyut
ngendika, butane lagi nesu
Kuwi kang
karanan grahana mbulan nepsu
Ing plataran, peteng
dhedhet ra karuwan
Bocah
sapantaran, nyenyawang ndhuwur wetan
Mbulane isih
kaling-kalingan
Bocah
sapantaran, wis padha angot-angotan
Siji mbaka
siji padha bali
Wengi kuwi,
ora sida dolanan
Wengi kuwi,
bocah sapantaran kelangan
Bumi Karangjati, 10/4-2015